SARDOT KATROK.......haaaahhhhhhhhh
Sodron dadi pengusaha kripik ning negoro Meksiko sukses,terkenal, tur yo dermawan.
Pas riyoyo wingi Sodron muleh
kampung ning daerah New York Karto pas Malioboro.
Sodron ngejak konco kenthel'e yokui Sardot, arep ditraktir madhang ning Rumah Makan Ojo Lali Mbayar.
Sardot : aku wis suwe pengen
mangan ning restoran ngene iki,
tujune kowe mudik Dron....mueheheh (siap-siap mangan enak)
Sodron : lhaiyo ndang dicaplok kui wis ning mejo kabeh Dot, wis tak pesenke Sup Untu Kadal resep seko Kuwait, trus Oseng-oseng Lakang Trenggiling sing wis kondhang ning daerah Zimbabwe. Ndang di pangan
Dot... (sambi eS.eM.eS'an karo Mudji Biper).
Sardot : aku pancen durung tau mangan ning restoran Dron, mentok2 ming jajan ning Angkringan ngarep omahe Juminten wae mesti kasbon, hiks
(nangis truwelu). Aku ki pengen
ngrasakne makanan penutup utowo pencuci mulut Dron sing jare enak banjet kae.
Sardot : iyo Dot, ning Restoran iki
pencuci mulut'e unik2. Kadang2 aneh nanging rasane WOW reti Dot.....hmmm... (mesem wedhus gibas).
Ora nganti limang menit panganane ludes disikat Sardot.
.
.
.
.
.
.
.
Sardot : GLEGEEEEKKK...H
AAIIIGGGHHH... (glegekan badak)
hadew Dron, wharheg tenan ki aku.
.
.
.
.
.
.
.
Sodron : lha piye Dot pendapatmu tentang menu'ne? (whatsapp'an karo Jati).
Sardot : wah nganti raiso ngomong Dron aku, pokok'e kabeh maknyuz...Nanging siji sing rodo aneh (mrengut getun).
Sodron : lha piye to Dot? (tetep
disambi Wechat'an karo member PDWJ).
Pas wong 2 lagi asik ngobrol, pelayan sing seksi manis tus unyu2 jenenge Markonah teko nggowo makanan lan minuman penutup.
.
.
.
.
.
.
.
Markonah : monggo mas makanan penutup'e buah Apel seko Somaliya lan minuman susu fermentasi asli seko Nepal (mesem orong-orong).
Sardot : lha kok lagi teko? Lha
minuman sing ning mangkok mau minuman penutup seko ngendi tow? Ambune wangi jeruk nipis, ono soda'ne nanging rasane ning telak ki koyo ora penak (bingung ra dhong).
Sodron : sing endi tow? (melu
bingung).
Sardot : iki Dron (njikuk mangkok cilik sing mau wis diklamuti Sardot).
Sodron : halah gari diwoco, iku lak ono tulisane (ngelike crito kiriman Iswanovski ning grup KUMPULAN CRITO PDWJ ).
Sardot : tak wocone, iki......
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...'BANYU + SABUN COLEK KANGGO PENCUCI MULUT lan TANGAN'.
Sardot kejang-kejang ngrikiti garpu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar