SARDOT DADI WASIT EDIAN
Sodron : sayang anak.. sayang anak.. Nek ra sayang ojo manak.. (mbengok nganggo toa)
Mukri : sayang anak.. sayang anak.. ibu goyang bapak kepenak.. (mbengok nganggo speaker masjid)
Sodron : WOI !!! Kok melu-melu iklanku karepmu kepiye kri ?? (karo mbanting robot)
Mukri : sakkarepku to!! Wong podho bakulan iki !! (karo ngemut boneka barbie)
Sodron : ora iso!! nek ngene carane Kowe ngrusak bisnisku!! aku wes puluhan taun dodolan neng kene!!(karo ngrikiti gembot tetris)
Mukri : kowe sing ngganggu pembeliku!! aku yo puluhan taun kacek sedino karo kowe!!(karo ngremeti bal plastik)
Sodron : gelut wae yo kri?? (karo ngokang pistol air)
Mukri : siap!! (karo nyiapke bedil plastik)
Saknaliko wong 2 kuwi gelut dewe lan dadi tontonan wong akeh.. Pas lagi rame-ramene ngono,ono wong lanang siji,nggowo tas gede., sajak'e penumpang sing nembe mudhun seko bis,misah wong 2 sing lagi krawus-krawusan kuwi.. anggep wae jenenge sardot
Sardot : uwes mas.. uwes.. wes podho tuwane kok yo koyo cah cilik kabeh!! Iki jane ono opo to?? (karo misah)
Sodron : iki pak.. Mukri marai daganganku ora payu.. Hiks.. Hiks.. (karo ngelapi uluh nganggo s*mpak)
Mukri : sodron nakal pak.. Pembeliku direbut kabeh.. Huaaaaa!!! (nangis balon sabun)
Sardot : oh ngono to.. Aku nduwe solusi sing apik ki.. (karo sok mario)
Sodron+mukri : pi..piye pak?? (mripate berkaca-kaca)
Sardot : ngene.. Kedadian iki ki amargo kowe dagangane podho tapi bakulane jejeran.. Bener??
Sodron+mukri : be..bener pak!!
Sardot : mulakno saiki kudu dipisah..
Sodron+mukri : si..siap pak!!
Sardot : kowe (nunjuk sodron) ayo daganganmu dipindah neng sebelah tengen kono..
Sodron : iyo pak.. (karo mindah dagangane)
Sardot : trus kowe.. (nunjuk mukri) pindah neng kiwo kono.. Oke?
Mukri : oke pak!! (karo salto)
Sakwise dagangane dipindahi kabeh.. Wong 2 kuwi marani sardot maneh..
Sodron : wes tak pindah kabeh pak!! Muehehe!!
Mukri : sampeyan pancen bijaksana tenan pak.. Sesuk nyalon dadi bupati wae pak? Tak toblos wes.. Xixixi..
Sardot : hahaha.. Lha ngono nek akur kan apik lan disawang yo kepenak..
Sodron+mukri : (gandengan tangan)
Sardot : ..podho bakulane kudu nduwe tepo seliro..
Sodron+mukri : (pelukan)
Sardot : ..ojo serakah..
Sodron+mukri : (mbrebes mili)
Sardot : ..mugo-mugo diparingi rejeki lancar..
Sodron+mukri : (mbrebes mili jilid 2)
Sardot : lan sing PALING PENTING...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...aku iso melu DODOL DOLANAN neng kene muehehe.. (karo nggelar dagangan)
..SAYANG ANAK.. SAYANG ANAK.. SAINGANE ADOH AKU KEPENAK..
*sodron+mukri gelut maneh
***************************************************************
Tidak ada komentar:
Posting Komentar